Menporak-poranda?

oleh -1 Dilihat

Oleh: Ki Setyo Harjodarsono* 

pringgit“Sik, ngger Janaka!, awakmu aja kesusu bali. Iki aku nyuwun tulung awakmu,… bapa  gawekna powerpoint kanggo piwulangan sesuk ya…iki kitabe  bab olah kridhaning gegaman, pilihen dewe intisarine piwulang olah gegaman, terus sesuk aku nyuwun tulung maneh, nggawaa leptop karo LCDne pisan ya.. ”

“Kasinggihan Bapa. Lajeng mbenjang tabuh pinten, pesenan paduka kula kintun?”

“Pokoke aja suwe-suwe, yen bisa mengko bar Isak, gawanen mrene ya, saperlu bakal ndak sinau luwih dhisik, sabab Bapa urung terampil karo  isine sing mbok tulis”

“Inggih bapa. Mugi-mugi kula saget ngrampungaken tugas punika”

“Oalaaah…lholeeee…loleee, pancen kowe iku muridku kang lantip kok ngger. Dasar bagus, terus multi talenta pisan. Aku yakin menawa kowe mbesuk bakal dadi rebutan wanita…, yaw is ya ngger ngono wae welinge pun bapa. Sorry ya, iki jenenge sapi nyusu pedhet, eh kebo nyusu gudel…wong tuwa nyusu marang prawan…

“Inggih bapa, mboten dados menapa, keparenga sak menika kula nyuwun pamit…”

“Oh, iya…ya… ngger, ndak sangoni puja slamet  lakumu“

Panembahan Drona enggal nutup lawang padhepokan. Atine katon sumringah, dene sesuk esuk menawa Prabu Kurupati, mertinjo monitoring kinerja guru bersertifikasi, dheweke ora bakal sumelang. “Wah begja kemayangan, duwe murid sing lantip, pinter ing samubarang gawe. Kena disambati pitulungan… ah aku tak adus dhisik” gumrenenge Drona seneng atine

Pancen!, Drona sing sinomane asma Kumbayana kuwi kondang pemuda kang gigih lan tekun ing pasinaon. Ora nggumun menawa drajat ngelmu kang sinandang kalebu dhuwur pilih tanding, ora kalah karo pendita-pendita kang wus kesuwur. Dheweke pingin tansah maju, nututi kebutuhan jamane. Ora aneh menawa pembelajaran ing padhepokane komplit piranti teknologi tingkat tinggi ora beda kaya sekolah berstandar internasional.

Ora antara suwe Sang Panembahan Drona anggone siram wus rampung. Gage-gage dheweke lumebu ing sanggar pamujan, ngucap puja sukur sembahyang Asar lan diterusake dikir wirid sak cukupe. Swasana mangkono nambahi adhum, ayem, lan anyep, ing sajroning phisik lan kalbune.  Mula priyayi ngendi wae yen  lumebu ing padhepokan pandhita Drunamesthi ngrasakne ayom tur ayem.

“Alkamdulillah, Gusti Murbeng Dumadi ijik kersa maringi kenikmatan nyang awakku. Sukur Gustiiii… kula taksih panjenengan paring gesang, senadyan ta kula mboten saget gesang sesarengan kalih sedherek kula Sucitra, nanging paduka taksih paring margi sanes ingkang langkung sekeca, inggih punika kados ingkang kula raosaken ing wekdal punika. Malah kula sak menika gesang langkung sekeca. Kula angsal kalenggahan ing Ngastina pinangka pepundhening para kawula dasih…. Oh Gustiiii, kula ngaturaken gunging panuwun, dene kanikmatan sampun dhumawah dhumateng kawula…mugi sedaya kala wau nambahi tekun kula ngabekti dhumateng paduka….amiiin”

Sakwuse cukup anggone semedi, Pandhita Drona kaya adat lan sabene mertinjo para siswa anggone padha gladhen peperangan ing lapangan Padhepokan Sokalima. Ing kana katon  bocah-bocah Pandawaluwih tekun anggone gladen. Denebocah-bocah Kurawa malah dolanan game ana hp-ne. “Ehmmm bocah-bocah Pandhawa katon prigel anggone padha olah gegaman. Suwalike, para anak-anak Kurawa tansah cengengesan, lumuh, mung sinambi dolanan HP nonton gambar-gambar porno, ing situs internete.… wah bocah ora nggenah kabeh…”

“He!, Dursasana, Durmagati, Citraksa, Citraksi, Kartamarma, lan kowe ngger anakku Aswatama, ayo ngger kabeh padha gladhen kaya arek-arek Pendhawa kae lo?, aja malah dolanan HP wae…”

“Wah, Guru!, ngge napa gladhen perang niku?, lha wong Ngastina niku pun gadhah tentara, polisi, lan hansip, mbok niku mawon ingkang gladhen perang. Kajenge para polisi Ngastina niku  propesional. Aja mung korupsi, terus meres rakyat, dol tinuku hukum, melemahkan KPK, terus senengane hura-hura…Pun ta kajenge, lare-lare pendhawa ingkang sami gladhen.Kula  tak milih dolanan intrnet, nonton bokep, main game online mawon, niki luwih modern, mboten jadhul kados sampeyan niku….ha…ha…haa…hayo le, dolanan maneh… aja digugu gurumu kuwi….

“Wis sak karepmu Dursasana, yen pancen kowe ora gelem gladhen,  aku ya  ora meksa kowe. Aku tak nglatih karo sing gelem-gelem wae. Sak iki kowe wae ngger Citraksa, Citraksi, sing melu gladhen?”

“Ah!, so….so….sorrr…soorrrsorry guru, aku lagi banyak komisi ini…., tadi malam aku bermimpi mau dapat uang lo Mbah, oleh karena itu beri kesempatan aku judi bola piala EURO 2015 lewat internet ya???….”

“Kok ora njago bal-balan Indonesia ta le?”

“Wong bal-balan negarane dewe wis dibubarne menporak poranda ngaten lo?”

“Sapa kuwi ngger??”

“menteri olah raga, utawi menpora…”

“Lha kok mbok sebut menporak poranda??”

“Lha enggih ta, wong bareng diangkat menteri, bal-balan Ngastina dadi mati kabeh… dereng penggurane … pripun niku??”

“Oh!, loleeee…loleeee soma lole….bocah dhekwingi sore wis wani ngoreksi menteri…, gek pangkatmu apa ta le…le???sekolahe egla-egle, omongane mencla-mencle … pingin penak ra gelem nyambut gawe…hoalahhh… titenana, besuk bopo ora sudi maringi ijasah kowe….”

“Ora entuk ijasah, ya tuku nooo…. “ jawabe bocah Kurawa karo mlayu nyang PS kidul lapangan.

 


 

*KI SETYO HARJODARSONO adalah putra asli Pacitan, tepatnya di Kecamatan Tegalombo, saat ini aktif sebagai guru di Ponorogo. Beliau telah aktif menulis sejak 1987 di berbagai media lokal dan mataraman, seperti MATAN, WALIDA, MEDIA Pendidikan , Majalah Jemparing, Mimbar Depag dan BENDE. Penulis kini mengampu dan mengasuh rubrik Pringgitan di Portal Pacitanku.