Kongso Adu Jago (I)

oleh -4 Dilihat
Kongso
Kongso

           Oleh: Ki Setyo Harjodarsono* 

Kongso
Kongso

Nalika isih timur, para putra Mandhura iku padha dititipaké ana ing Kadhemang an  Widorokandhang, diaku anak marang Ki Antyagopa lan Nyai Sagopi. Sabanjure Kakrasana, lan Narayana iku padha diseduluraké karo anaké Antyagopa  yaiku  Udawa,  Rarasati, Pragota, lan Prabawa.

            “Ngger Kakrasana lan Narayana, kene mlebuwa ngomah.. aja lenggah ning teras, mengko ana tangga kang alok marang aku, kok nompo tamu ora dimanggakne… ayo ngger lumebu wae?”

            “Oh, inggih Ki, niki taksih ningali game kok…” ature Kakrasana karo menthelengi HP android

            “Wih panganan opo kuwi??”

            “Niki trend-e lare nem Ki?”

            “Wa..aaa…aaa… tambah simbah ora mudheng ngono kuwi, …ngene ya ngger, sak iki kowe kudu mengertini ya, anggonku mboyong kowe ono ing omah kene iki, sakjane iku mau amrih kowe sakoloron ora konangan Prabu Anom  Kangsadéwa,…”

            “Sinten pawongan niku??” pitakone Kakrasana

             “ Kangsadewa iku nata mudha sangka Kadipatèn Sengkapura. Kangsa iku putra kuwaloné Prabu Basudewa kang lair saka garwa Dèwi Maerah kang cinidra resmi marang ratu buta, Prabu Gorawangsa, nata ing Guwabarong, nalika Sang Dèwi lagi ditinggal tindak mbebedhak utawa grogol ing alas déning Basudewa. Mula Kangsa wujudé iya manungsa setengah buta: wataké wengis lan angkara murka, pingin kudeta utawa ngendhih kawibawan negara Mandhura…”

            “Kenging menapa kok arsa kudeta??” Panyaruwe Narayana

            “ Ya ngger Narayana, pancen manungsa iku yen awewatak buta mula kasinungan watak kang srakah, wengis, lan angkara murka. Semono uga Si Kangsa mau. Dheweke pingin dadi presiden, ngendhih rama kwalone ing Mandhura..”

            “Wah ! keparat iblis laknat!!!”

            “Sik…sik… sik… sareh kangmas”

            “Mbuh! Ra ngurus!!, teng pundi panggenane Kangsa??”

            “Sik ngger… aja grusa-grusu, awake dewe kudu atur strategi… rencanaku tanggal mengko bar Riyaya , awake dewe lagi bisa numpes Kangsa”

             “Wah… kesuwen… pun sak niki hum pim pah mawon, utawi quick count mawon, awake dewe perlu gerak cepat… yen perlu tak tugele ndhase Kangsa”

            “ Interupsi Ki,  kula mireng menawi Kangsa uga kepingin mateni kula sakoloron kang dianggep bakal ngalang-alangi gegayuhanepingin nguwasani negara Mandhura. ..”

            “Bener, mula nggo mancing perkoro Kangsa nganakaké adhu jago. Sing dienggo totohan negara saisiné. Jagoné saka Sengkapura  wujude buta gedhé apraceka Ditya Suratimantra. Kangsa yakin menawa Suratimantra bakal bisa ngendhih Prabu Basudewa lumantar sayembara mau”

            “La terus kanjeng rama jagone sinten?”

            “Basudewa ramamu duwe jago ora liya ya Si Brataséna. Mula ngger, suk bar bada kowe sakoloron metuwa mirsani sayembara mau. Nanging kowe kudu nylamur laku. Ojo nganti lakumu mengko konangan wadyabalane Kangsa..”

            “Kasinggihan Ki,”

ANA CANDHAKE


 

*KI SETYO HARJODARSONO adalah putra asli Pacitan, tepatnya di Kecamatan Tegalombo, saat ini aktif sebagai guru di Ponorogo. Beliau telah aktif menulis sejak 1987 di berbagai media lokal dan mataraman, seperti MATAN, WALIDA, MEDIA Pendidikan , Majalah Jemparing, Mimbar Depag dan BENDE. Penulis kini mengampu dan mengasuh rubrik Pringgitan Wayang Semprot di Portal Pacitanku.