Wayang Semprot: Guru Profesional?

oleh -0 Dilihat
Ilustrasi Drona
Ilustrasi Drona

 

Oleh: Ki Setyo Harjodarsono* 

Ilustrasi Drona
Ilustrasi Drona

Leng-leng ramyaning kang sasangka kumenyar oong Mangrengga ruming puri, mangkin tanpa siring halep nikang umah mas lir murubing langit.. ooong tekwan sarwa manik ooong, tawingnya sinawung sasat sekar sinuji unggyan Banuwati ywan amrem alangen myang nata Duryudana ooong myang nata Duryudana….

Ijik isuk umun-umun, Begawan Drona, ya Resi Kumbayana, katon duyuk-duyuk ngasta bentelan arsip pembelajaran sing bakal kanggo uborampe piwulang tumrap para siswa sing wis ander ana ing padepokan Sokalima. Kabeneran ing dina iku Prabu Duryudana bakal nganakake papriksan tumrap guru bersertipikasi, kepriye mungguh prestasi lan kinerjane.

Mula ora aneh menawa para guru ing laladan Kurawa, bab papriksan kinerja mau mujudake momok kang medeni. Pramila ora aneh menawa para guru kaya gabah den interi, anggone padha bingung, nyepakne administrasi pembelajaran. “Swatama, kowe sowanna marang Panembahan Google ing pertapan Ngawiyat sing kawentar pinter lan lantip ing samubarang kae ngger…”

“Ah…males rama?”

“Kowe ki mesthi males males males… terus kapan sregepmu?”

“Ah… bapak dewe genah males kok?”

“Oh, loleeee…loleee, soma lole, prit gantil buntute mah joglo, oh Swatama…Swatama….. Bapak iki ora gableg apa-apa lo ngger, wah cilaka iki mengko yen sinuwun ngawuningani aku ora duwe perlengkapan pembelajaranku…. Apa maneh aku ya ora bisa nggunakake lap top apa dene computer… wah! Ciloko…cilokooo. Oh sinuwun…muga-muga panjenengan ora mudeng karo pembelajaran…. Tulung ngger, bapak donlutna perangkat pembelajaran kurikulum nasional ngger???”

“Halah… mbok ndonlut dewe… aku arep pustal  kok….”

“Asem tenan kowe ki?”

“Ya sing asem ki sakjane ya bapak dewe… salahe dadi guru kok keset… wis aja nggremeng dewe, aku arep budal….” kandhane Aswatama ora ngrewes bapake

Durna katon bingung. Tutuke ndremimil ngundamana anake lanang. “ Bocah sak iki ora ngerti marang balas budi, bisane kluyuran ora nggagas wektu. Ngko yen luwe banjur ngamuk bapake….” . Durna banjur nyandak komputer ing nduwur mejane. Tangane kiwa nguthak-athik, nanging ora bisa mbukak internet. Karepe ngono mbok menawa bisa mbukak internet. “Hallaaah embuh… wis bene sesuk didukani Prabu Duryudana….. aku manut… gdobyak!!!!!” karo mbanting asbake Aswatama sing kebak uthis

Lagi wae ngudarasa, dumadakan sangka kaca jendela ana nom-noman mlebu latare… “Alkamdulillah…. muridku teka…. kene ngger kene ngger… kowe pingin ngunjuk apa ngger, pingin dhahar opo ngger, wis sak munimu, Bopo seneng banget kowe teko ngomah…waduuuuuuh bocah kok sigid, ngganthenge pitung kabupaten hara… ayo ngger kene lenggah kursi empuk…”

“Wah kok uthise mabyur teng jogan ta bapa?”

“Ya ngono kuwi tingkah polahe Aswatama, angger njaluk duwit ora dituruti mesti ngamuk…”

“Mbokbilih wonten sing diturun? ”

“Mungkin sing diturun ya tantemu Wilutama kae… yen aku ora mungkin ko ngger. Aku ki wong alim kok…”

“Lajeng kok ketawis bopo guru ribet … katemben menapa njih?”

“Oh!, ngene ya ngger siswaku sing sigid, sing lantip dewe sak ngalam donya, bener ngger, bapa lagi susah, mula aku yakin yen kowe bisa paring pambiyantu marang pun bapa, mula ya ngger Janaka, bapa rewangana ngluwari ruwet rentenge pun bapa ya ngger… wis ta mengko gampang, bijimu ing Sokalima mengko dak tulis biji sing becik kabeh ngger… mesti kowe lulus cumlaude”

“Inggih bapa dwija, panjenengan kagungan reribet punapa?”

“Eh, ngene ya ngger, Ngestina ing dina iki bakal nganakake monitoring kinerja guru propesional, sing katujokake tumrap guru-guru sing wis nampa tunjangan guru propesional, mbok menawa guru sing wis entuk kabegjan duwit mayuta-yuta kang wis kena kanggo nyicil utang, nglunasi utang, mbangun wisma, mbangun omah anyar, tuku mobil lan liya-liyane…. Iki mengko bakal dipirsani apa bener anggone nyambutgawe wis cocok karo propesine… mula ya ngger, aku nyuwun tulung, mengko rewangana njawab pitakonan saka ngarsa dalem sinuwun Prabu Duryudana…”

“Lha Bapa Druna menapa mboten saget njawab piyambak?”

“Oalaah…loleee…loleee… aku ngrumangsani kok ngger, mbok menawa aku iki guru sing ora pantes nyandang propesional kok ngger…lha kepriye… lha wong RPP , kalender pendidikan, program tahunan, program semester, dokumen pemetaan KKM, silabus, ijazah ya mung trima tuku, karya ilmiyah ya ndandakne, jadwal pelajaran, daptar hadir siswa, daftar penilaian, bank soal, program remidi lan pengayaan… apa maneh sing jenenge eksplorasi, elaborasi, konfirmasi, sak panunggalane…oh bapa angkat tangan, ora mudeng blas, lha yen sambel trasi, manipulasi, lan korupsi, iku aku mangerteni ngger…”

“Lajeng, bapa Durna mucal bidang studi napa?”

“Aku mulang sejarah kok ngger?”

“Hmmmm… berarti paduka apal nggih kaliyan tempat kelahiran tokoh Ngastna?”

“Ooooo mesthi apal kabeh. Aja mung Ngastina, wong tokoh sak Ngamarta aku ya nglothok kabeh kok…”

“Adipati Karna menika lahir dateng pundi bapa?”

“Ya lahir ning puskesmas. Biyen nalika lahi disesar lo le… he he he…”

“Niku teng puskesmas pundi?”

“Ya ning puskesmas Blitar ta leeeeeeeeee…. aku apal… wong ngono wae mbok tekokne?”


 

*KI SETYO HARJODARSONO adalah putra asli Pacitan, tepatnya di Kecamatan Tegalombo, saat ini aktif sebagai guru di Ponorogo. Beliau telah aktif menulis sejak 1987 di berbagai media lokal dan mataraman, seperti MATAN, WALIDA, MEDIA Pendidikan , Majalah Jemparing, Mimbar Depag dan BENDE. Penulis kini mengampu dan mengasuh rubrik Pringgitan Wayang Semprot di Portal Pacitanku.