Gaji Telulas

oleh -0 Dilihat
PNS di Pacitan. (Foto : UPT TK dan SD Donorojo)
PNS di Pacitan. (Foto : UPT TK dan SD Donorojo)

Oleh : Ki Setyo Harjodarsono*

Esuk iku, Sang Maharsi Durna katon sumringah mesam-mesem, sebab ing wulan iki pegawe negri Ngastina klebu dheweke bakal nampa gaji telulas. Dewi Wilutama, sing seneng shoping wis keprungu menawa kakunge bakal nampa gaji telulas. Mula ora sranta, dheweke age-age tumurun mrepegi Maharsi Durna ana ing Sokalima.

“Assalamungalaikum, wakne Swatama!?”

Sing ning njero sajak ora pati krungu. Mula Dewi Wilutana banjur ngambali maneh uluk salame “Assalamu ngalaikum!!!” suwarane rada disorakne.

“Weee, jebul talingane kesupelan het set HP!, layak ta ora krungu. Hee!!! Assalamu ngalaikum wakne gondel!!!!” Dewi Wilutama nggetak kanthi sora

“Weladalah!!! Sopo iki?”

“Waspadakna ta pakne, aku garwamu!” jawab Wilutama karo ngulungne tesmak ukuran ples loro setengah

“Subhanaalloh, jebul sliramu ta nyai. Layak ta esuk mau prenjake ngganther… jebul ana Dewi Wilutama garwaku sing rawuh… dugrahaaat…duhgrahat…, ya kono dhahara dhisik, aku ijik ana tugas nggawe silabus lan perangkat pembelajaran” ujare cekak aos.

Dewi Wilutama ora ngrewes apa ngendikane kakunge. Deweke mung pingin mlebu kamare, saperlu nggledhah lemarine, nggoleki dhuwit bayaran gaji telulas. “Pakne!, aku mengko bakal mbayar cicilan lho?” pradule Dewi Wilutama karo ndhudhah lempitan klambine bojone.

“Lha terus ngopo, yen nyicil utang?” jawabe Durna sinambi nulis ana laptope

“Halllaah, sampeyan ki mesti… apa dikira aku ora ngerti ta…taaa…”

“Ora ngerta apa ya?, apa aku nyimpen wadi???”

“Weee, sampeyan ijik arep selak!, iki lho buktine aku nemu amplop gaji telulas!”

Sang Maharsi plencutan. Age-age dheweke mangsuli sakbenere. Mung mau ora pati nggatekne apa sing dadi pitakone Dewi Wilutama. “Mi, ning aku ya meling, gajine aja dientekne kabeh. Sebab Si Aswatama ya wancine daptar ulang ning SMK. Iuran bangunan wae rong setengah yuta. Durung prabeya kanggo tuku sragam, SPP lan sakpanunggalane… ijik akeh lho kebutuhane wulan iki?”

“Ora ngono pakne!, sekolahe Aswatama iku sekolah apa kok larang temen?”

“SMK Negeri 1 Ngastino, SBI”

“Apa SBI kuwi??”

“Sekolah Bertarif Internasional!!”

“Layak ta larang, wis pokoke aku ora arep nggagas Si Aswatama. Sak iki wae aku ndang pundhutna cosmetic sing paling larang. Aku sesuk bakal nekani arisan ning Suralaya”

“Haaa???”

 

KI SETYO HARJODARSONO adalah putra asli Pacitan, tepatnya di Kecamatan Tegalombo, saat ini aktif sebagai guru di Ponorogo, telah aktif menulis sejak 1987 di berbagai media lokal dan mataraman, seperti MATAN, WALIDA, MEDIA Pendidikan , Majalah Jemparing, Mimbar Depag dan BENDE. Penulis kini mengampu dan mengasuh rubrik Pringgitan di Portal Pacitanku.